Selasa, 01 Juli 2014

Pilkada. Dudu Pil Kada, Pak!

adikku
Waktu iku, adekku sing ragil kerjo nduk suroboyo. Lha bapakku, ancen rodo pikun mergo wis tuwo.
Sak wijining dino, adekku prei ora kerjo mergo ono pilkada nang Suroboyo.
"Lho, koen gak kerjo ta?" bapakku takok
"Gak, pak. onok pilkada" jawabe adekku
"Gawe opo pilkada iku?" bapakku iseh takok
"Kanggo kesel-kesel," jare adekku
"Apan anu, tukokno aku siji yo," jare bapak
Gak let suwe, bapakku dolan nang lapangan Bima Sakti (lapangan basket). Ngobrol karo kanca-kancane. Pas mulih muring-muring karo adekku.
"Jaremu pilkada iku obat kesel2. Wong tibakne pemilian wali kota. Kurang ajar koen iki ancene"
Adekku ngakak

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Translate