Minggu, 26 Oktober 2014

Sego Padang




Wektu iku mbah kakung kenek stroke, opname nduk RS. Wong lek loro stroke, mestine akeh pantangane masiyo wes waras.
Jare mbah kakung, "aku engkok, lek wis waras te mangan sego padang."
Jare mbah putri, "ngawur ae sampeyan iki, paaa...k. Lek stroke maneh marakno molo ae."
"Ora oraaa... Wong mek sego padang ae, kok."
"Delok en ae, lek sek tambeng. Engkok lek kumat tak tinggal minggat."
"Ojo ta buk..., yo wes engkok tak mangan sego putih ndek isor lampu, lak dadi sego padang a. Dadi, aku lak sek iso mangan sego padang, yo?"

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Translate