Wektu iku mbah kakung kenek stroke, opname nduk RS. Wong lek
loro stroke, mestine akeh pantangane masiyo wes waras.
Jare mbah kakung, "aku engkok, lek wis waras te mangan sego
padang."
Jare mbah putri, "ngawur ae sampeyan iki, paaa...k. Lek stroke
maneh marakno molo ae."
"Ora oraaa... Wong mek sego padang ae, kok."
"Delok en ae, lek sek tambeng. Engkok lek kumat tak tinggal
minggat."
"Ojo ta buk..., yo wes engkok tak mangan sego putih ndek
isor lampu, lak dadi sego padang a. Dadi, aku lak sek iso mangan sego padang,
yo?"
